Kunjungan Saking KB Kuncup Mekar
Dwi Farah Puspita
1 hari yang lalu
Dinas Perpustakaan lan Kearsipan (Dispusip) Kabupaten Bantul nampi rawuhipun rombongan saking Kelompok Bermain (KB) Kuncup Mekar, Ringinharjo, Bantul, ing dinten Kemis, 5 Februari 2026, ing Perpustakaan Daerah (Perpusda) Bantul, Jalan Gajah Mada Nomer 1 Bantul.
Kegiatan punika dipun ikuti dening 16 putra-putri saha dipun dampingi dening kalih Ibu guru. Rawuhipun punika minangka pérangan saking program sekolah kanggé ngenalaken budaya maos wiwit saking yuswa alit saha ngenalaken lingkungan perpustakaan dhateng para lare.
Ing salebeting kegiatan punika, pustakawan Perpusda Bantul maringi pandhuan dhateng para lare kanggé ngenalaken koleksi buku lan papan layanan perpustakaan. Para lare ugi dipun ajak ndangu cariyos saha nyumerepi film edukatif.
Dispusip Bantul remen lan nyengkuyung sanget kegiatan punika minangka upaya bebarengan kanggé ngiyataken budaya literasi wiwit saking yuswa alit. Kanthi kegiatan kados mekaten, dipun ngajeng-ajeng para bocah saged langkung remen kaliyan buku lan ndadosaken maos minangka pakulinan ingkang nyenengaken.
Salam Literasi… Mangga Maos!
Bantul Pinter… Bantul Maos…
#DispusipBantul
#DPKBantul
#Dispusip2026